Saturday, April 24, 2010

NGGAYUH KATRESNAN JATI


sekar kang rinonce ing wanci ratri
wewangine tan bisa ngusap luh kang tumetesing netra
rujiting galih kang wus lami sinandhang
kadya bun atis rumesep ing gegodhongan aking

mbuh kapan panandhang oncat sakeng raganingsun
gumanti kabagyan kang dumunung ing diri pribadi
nganti pupus pengarepan ingsung
nggayuh katresnan jati kang wus sirna

hhuh gusti kang murbeng dumadi…
sun sowan ing ngarsa paduka
nebus karahayon kanthi jiwa raga kawula

No comments: