
lakuku ing wengi iki
sasat aji godhong jati aking
kang keplindhes rodhane para durjana
utawa kepidak sepatu lars-e mantri alas
ya swaraku kang muntel sak dawane gurung-gurung
kebentus sandhung kepapak pongahe watu item
ambegugug ngutho waton, nutupi dalane pangrungon
o, laku, laku lelakon
apa isih ana wigunane
nrabas wengi nyabrang iline wayah
yen rowang-rowang disanak dikadang
mung apepindho macan galak saka sabrang
ee….., ora ………..!
iku mau dudu macan
dudu sardulo, dudu sima
amung tikus kang keplayu kecirit keprungu swarane manuk tunggak
citcitcuit………..citcitcuit………..crit…..crit….!
nanging tikus saiki anggilani
nganggo topeng macan, klambi kebo utawa jaran
nanging tikus saiki wus kuwasa
linggih methingkrang sakdhuwure dampar kencana
nyebar sabda, tigas gulune para kawula
banjur lakuku wengi iki netepi garising lelakon
mung bisa jumangkah alon-alon
sinambi nembang tembange bocah angon
sanadyan ora bisa kanggo kaca pengilon




No comments:
Post a Comment